3 Okt 2014

Nama    : Ahda D.H / 03 / IXg

TANGGAP WACANA MAPAG WARSA ENGGAL

Assalamu’alaikum wr.wb.
            Kawula nuwun,bapak soeparno  ingkang kulo kurmati, Rencang-rencang  ingkang tansah kulo tresnani.Matur nuwun sanget dhumateng bapak soeparno ingkang sampun maringi wekdal  dhumateng kulo,supados nyaosi sambutan ing malem pengetan mapag warsa enggal 1 januari 2014.
            Saderengipun mangga kita sami ngaturaken puja-puji dhumateng gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring taufik saha hidayah,katitik kulo panjenengan sami saged makempal wonten pamulangan SMP Negeri 1 Genteng kanthi kasugengan,katemtreman tuwin bagasing kuwarasan.
            Pramila menika mangga,kita kunjukaken salawat saha salam dhumateng junjungan kulo nun inggih junjungan panjenengan sedaya,Nabi kulo,Nabi umat islam sedaya inggih punika Nabi Muhammad SAW.Dene punapa,sedaya dhawuh-dhawuhipun tuwin ,tindak-tandukipun,kinging kadamel paugeran ngagesang wonten alam donya lumuntur sasa’atipun kita ajeng-ajeng mbenjang wonten yaumil kiyamah,amin-amin yarabal alamin
            Kulo ngaturaken sugeng warsa enggal 1 januari  wanci jam 00.00,mangke kito sampun nilaraken tahun 2013,tumuju tahun 2014
            Para rawuh kakung sumawana  putri ingkang kulo kurmati. Kanthi gantosing tahun enggal ateges umur kulo panjenengan sami tambah setunggal tahun,semanten ugi gunggunging umur ingkang sampun dipun wewaleraken dening Gusti Allah SWT.sampun kirang setunggal tahun.
            Salebeting setunggal tahun,kulo panjenengan sami sampun nindakaken sedayaning tumindak ingkang sampun boten saged kulo panjenengan sami ewahi malih,sagedipun naming metani.Pundi tumindak engkang sae lan pundi tumindak engkang awon.Kanthi metani sadaya tumindak punika kita saged nemtoaken ,ingkang pundi tumindak ingkang wajib kulo panjenengan sami tiru ,lan ingkang pundi tumindak ingkang kedah dipun tinggalaken.
            Pengalaman lan kedadosan-kedadosan ingkang satunggal tahun kulo panjenengan sami tindakaken saged kapetik ,pundi tumindak ingkang pinuju kangge ningkataken  pengabdian saha tandang tanduk ingkang pinuji ing bebrayan saha pinuji ing pangeran.
            Bapak soeparno ingkang kulo kurmati saha rencang-rencang ingkang tansah kulo tresnani.Mbok bilih anggen kulo katah klenta-klentunipun.Awit kulo naming titah sawantah ingkang boten kintun nyandhang  kalepatan kulo namung saged nyuwun samodra pangaksami ingkang tanpa pepindhan.
            Ing pungkasan atur,muga sesami nyenyuwun dhumateng pangeran ingkang Maha Wikan,mugi-mugi ing tahun-tahun benjang kulo panjenengan sami saged angsal taufik saha hidayah,sentosa lahir batin. Mugi-mugi ing tahun candhakipun saged langkung sekeco tinimbang tahun ingkang sampun kapengker.

Akhirulkalam wa billahit taufik wal hidayah,Wassalamu’alaikum wr.wb. Nuwun….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar