2 Sep 2014


Nama   : Ahda Dwi Hastuti
Tugas : Bahasa Jawa
Materi  :  Membuat Karangan

Pengetan Dirgahayu Republik Indonesia Kang Kaping 69
        Tanggal 17 Agustus 1945 minangka laire bangsa Indonesia.Tanggal 17 Agustus 1945,rakyat Indonesia uwal saka cengkremane Walanda lan Jepang.Tanggal 17 Agustus 1945 uga didadekake pengetan kanggo dina laire Republik Indonesia.Wektu iki,dina minggu,17 Agustus 2014 uga mengeti laire republic Indonesia kang kaping 69.Ing desa lan sekolahku uga ngenekake adicara kanggo mengeti dina laire NKRI. Akeh adicara sing dianakake kanggo mengeti.Umpamane bae kanggo adicara ing desaku.Ing kono dianakake lomba-lomba sing nyengsemake lan nyenengkake,koyoto :
-         Lomba mangan Krupuk
-         Lomba balap karung
-         Lomba tarik tambang,lan liya-liyane
        Panggonane lomba ana ing lapangan sekolah SD cedhak omahku  adohe kurang luwih 250 meter.Kahanane rame banget amarga akeh sing melu lomba.Lanang,wadon,enom tua,gedhi,cilik,kabeh pada melu lomba.Lomba kanggo mengeti dirgahayu Republik Indonesia kang kaping 69 diwiwiti jam 14.00 nganthi 15.30 WIB.Nanging taun iki aku ora bisa melu lomba-lomba sing dianakake ing lapangan amarga aku kudu sinau kang mempeng kanggo wulangan tanggal 18 Agustus 2014.
Nanging aku isih bisa weroh sapa bae sing menang lomba iku,amarga aku diwenehi weroh saka adhi-adhiku sing melu lomba.Adhiku dhewe menang lomba oleh juwara siji,dheweke  uga seneng banget amarga dheweke oleh hadiah buku tulis.Pengetan Dirgahayu Kang Kaping 69 iki ora bakal bisa dilalekake amarga akeh elingane koyoto : lucune,guyonane,lan liya-liyane.Senajan aku ora melu lomba utawa ndelok ing lapangan,nanging aku panggah seneng yen diceritani Pengetan Dirgahayu Republik Indonesia Kang Kaping 69 sing dianakake ing lapangan sekolah SD.
        Lan ing sekolahku,SMP Negeri 1 Genteng,uga nganakake karnaval lan gerak jalan kanggo mengeti Dirgahayu Republik Indonesia Kang Kaping 69.Karnaval lan gerak jalan dieloni kabeh SMP ing kutha Genteng,Karnaval lan gerak jalan kudu dieloni kabeh murid SMP Negeri 1 Genteng ,yen ora kudu mbayar denda. Akeh maceme karnaval sing dianakake ing sekolahku koyoto :
-         Paskibra
-         BEC
-         Jebeng Thulik,lan liya-liyane
        Ing karnaval sekolahku aku melu kelompok Paskibra.Seragame Paskibra warnane Putih-putih,sepatu ireng,uga nggawa tongkat lan gendera.Dawane gendera kurang luwih : 75 × 80 meter. Karnaval lan gerak jalan ing sekolahku dianakake tanggal 1 September 2014. Urutane mlakune yaiku nomer 8,keri dhewe.Karnaval lan gerak jalan SMP Negeri  1 mestine  dienten-enteni dening uwong akeh,amarga karnaval lan gerak jalan SMP Negeri 1  Genteng dikenal apik’e lan ramene.Nanging karnaval kanggo ngengeti Dirgahayu Republik Indonesia Kang kapng 69 ing sekolahku,ora kabeh bisa ngeloni loro-lorone,kudu melu salah siji.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar